Doa Siang Para Jelata

Niat ingsun makarya
Golek upo nguripi keluwarga
Sun belani ngampet luwe
Sun rewangi adus kringet

Paringono awak bregas
Sarwa seger waras
Loro ora sambat
Balak ndang keliwat

Paringono ati sabar
Pangapuraku jembar
Dipaido ora kuru
Disatru ora nesu

Duh Gusti Pengeran
Welaso marang ingsun

(060420)